Karya Geguritan : Dalam rangka Lomba Karya Geguritan se-Jawa Timur tanggal 18 Maret 2010 di Kota Kediri
"YAKIN"
Koyo-koyo kudu ndang tak tekem,
Lan tak dilat jenenge pucuk langit,
Opo dene lintang-lintang,sing kumejar ing angkoso kae
Mendah boyo rasane atiku
Banggaku..........................
Tentremku........................
Senengku..........................
Kabeh sing tak dekep,
Sing tak karep biso tak rangkul ceket,
Rumesep ing roso jiwo ragaku
Luwih-luwih kanthi kekalung agomo iki.............
Mandar mugo dadio lan wibawaku
Yakin lakuku mesti bakal teguh,madep mantep
Ora bakal pontang-panting lan mingkuh
Anggonku bakal gelut lawan lelakuning urip
Duh gusti ijabahono sakehing gegayutanku
Mbesuk ben luwih mulyo uripku....................
Tidak ada komentar:
Posting Komentar